TEMBANG MACAPAT, Paugeran lan watak tembang macapat Skip to main content

TEMBANG MACAPAT, Paugeran lan watak tembang macapat




Tembang Macapat

Tembang Macapat yaiku tembang sing katulis mawa paugeran guru gatra, guru wilangan lan guru lagu. Paugeran tembang macapat iku ana 3, yaiku:

1.       Guru Gatra                        : cacahe larik saben sapada
2.       Guru Wilangan             : cacahe wanda (suku kata) saben sagatra (salarik)
3.       Guru Lagu                          : tibane swara (dhong-dhinge swara) ing pungkasane gatra

A.     Paugeran tembang macapat   
   
Sekar Macapat
Guru gatra
Guru wilangan
Guru lagu
Maskumambang
4
12, 6, 8, 8
i, a, i, a
Pucung
4
12, 6, 8, 12
u, a, i, a
Megatruh
5
12, 8, 8, 8, 8
u, i, u, i, o
Gambuh
5
7, 10, 12, 8, 8
u, u, i, u, o
Kinanthi
6
8, 8, 8, 8, 8, 8
u, i, a, i, a, i
Mijil
6
10, 6, 10, 10, 6, 6
i, o, e, i, i, a
Durma
7
12, 7, 6, 7, 8, 5, 7
a, i, a, a, i, a, i
Pangkur
7
8, 11, 8, 7, 12, 8, 8
a, i, u, a, u, a, i
Asmarandana
7
8, 8, 8, 8, 7, 8, 8
i, a, e, a, a, u, a
Sinom
9
8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12
a, i, a, i, i, u, a, i, a
Dandanggula
10
10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7
i, a, e, u, i, a, u, a, i, a

B.      Watak tembang macapat 

No.
Sekar Macapat
Watake Tembang
1
Megatruh
Watake sedhih lan kentekan pangarep-arep, mula lumrah kanggo nelakake crita kang nggrantesake ati.
2
Mijil
Watake tinarbuka mula pantes kanggo nelakake pitutur, nasehat lan uga crita katresnanan utawa asmara.
3
Sinom
Watake sabar grapyak, lan sumanak, mula lumrahe kanggo nelakake crita kang ngemu piwulang lan pitutur.
4
Dandanggula
Watake luwes, kewes, lan ndudut ati, mula pantes kanggo nelakake crita apa bae, lan kahanan apa bae.
5
Kinanthi
Watake seneng, tresna asih, mituturo, nuladani, mula lumrahe kanggo menehi pitutur lan crita kang nelakake rasa tresna asih.
6
Asmarandana
Watake tresna asih lan sedhih, mula pantes kanggo nelakake rasa brangta, kayungyun, tresna asih, lan crita katresnanan liyane.
7
Durma
Watake galak, seneng lan ngemu kanepson, mula cocog kanggo nyritakake wong kang nesu lan kahanan paprangan.
8
Pangkur
Watake seneng, antepan ati, lan gagah, mula lumrah kanggo nyritakake rasa kagol, mangkelake, pitutur kang disebabake rasa mangkel lan ug kahanan paprangan.
9
Maskumambang
Watake susah utawa sedhih lan melas asih, mula cocog kanggo nelakake rasa kesedhihan kang ngenesake.
10
Pucung
Watake sakepenakake lan kurung greget, lumrahe kanggo nelakake geguyonan lan pitutur.
11
Gambuh
Watake grapyak, sumarak, mula cocog kanggo nyritakake pitutur.
Gawe tembang macapat mono ora angel. Carane ngarang/ gawe tembang kaya ing ngisor iki!
1.    Nggatekake paugeran tembang : guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.
2.    Nggatekake tembung-tembung kang dadi watake tembang.
3.    Saliyane cara iku, uga ana sing perlu digatekake supaya luwih gampang anggonmu ngarang tembang macapat yaiku :
  1. Nemtokake gagasan tembang apa sing arep kokgawe tembang
  2. Tulisen guru gatra, guru wilangan, guru lagu
  3. Gunakna ukara-ukara kang cocog karo paugerane tembang

Tuladha :
Aku kepingin nuturi murid-murid supaya mbangun turut marang guru lan wong tuwa yaiku tembang kinanthi:
v  8 – u      : sekar kinanthi pitutur
v  8 – i        : tumrap saturaning urip
v  8 – a       : mbangun turut guru nira
v  8 – i        : gegaran wulang kang becik
v  8 – a       : bekti marang ingkang rama
v  8 – i        : mring ibu kudu bekti

Comments

Popular posts from this blog

TEMBUNG ENTAR, GARBA, SAROJA. tegese lan tuladhane tembung entar, garba lan saroja

Tembung Entar Tembung entar ing bahasa Indonesia diarani kata bermakna kiasan (konotasi). Tembung entar (tembung silihan) iku tembung sing wis oncat saka tegese sing baku utawa tembung sing ora kena ditegesi mung sawantahe. Tuladha :

DRAMA. tegese, jenis-jenise lan unsur-unsur drama

DRAMA Drama mujudake seni pertunjukan sing nampilake lakon (paraga) ing pentas (panggung). Jenis-jenise drama :

Membedakan antara fakta dan opini dalam teks iklan di surat kabar mlalui membaca intensif

IKLAN             Iklan adalah Berita pesanan untuk mendorong dan membujuk khalayak ramai untuk  memenuhi permintaan dalam iklan. Iklan dapat dikelompokkan berdasarkan sifatnya : ·       Iklan bersifat pengumuman.  ·       Iklan bersifat penawaran barang atau jasa.  ·       Iklan bersifat reklame, berisikan semboyan/ gambar yang menarik.  Syarat-syarat penyusunan naskah iklan :   a.        Kalimatnya efektif, dengan pilihan kata tepat, yang menarik, sopan dan logis.  b.       Penyusunannya secara singkat dengan menonjolkan bagian yang dipentingkan.  c.        Isinya sesuai dengan barang/ produk yang diiklankan dan tidak merugikan masyarakat.   d.       Gambar iklan harus me...