DRAMA. tegese, jenis-jenise lan unsur-unsur drama Skip to main content

DRAMA. tegese, jenis-jenise lan unsur-unsur drama



DRAMA
Drama mujudake seni pertunjukan sing nampilake lakon (paraga) ing pentas (panggung).

Jenis-jenise drama :

1.  Drama Tragedi
Drama tragedi yaiku drama kang isine kadadeyan sing nrenyuhake ati (sedhih).
2.  Drama Komedi
Drama komedi yaiku drama kang medharake lakon sing lucu.

Unsur-unsur drama :
1.  Unsur Intrinsik
Sing kalebu unsur intrinsik yaiku :
a.   Naskah/ Skenario
Teks sing ngemot kedadeyan sing bakal dimainake dening para paraga.
b.   Paraga
Wong sing bakal meragakake drama.
c.   Sutradara
Salah sijining pawongan kang ngendalekake pentas drama.
2.  Unsur Ekstrinsik
Sing kalebu unsur ekstrinsik, yaiku :
a.       Busana/ kostum lan rias
b.      Panggung/ papan pentas
c.       Gamelan
3.  Unsur Teateral
Paraga kudu nguwasani papan pentas/ panggung.
4.  Unsur Budaya
Budaya sing ana ing masyarakat sakiwa tengene pentas
5.  Unsur Kaendahan (estetika)
Unsur sing ana gegayutane karo rasa kaendahan, kreativitas, lsp.

Sing kudu ditindakake dening paraga sadurunge meragakake drama, yaiku :
1.      Maca naskah drama kanthi mangerteni isine
2.      Ngerteni watake paraga jumbuh karo naskah kang arep diperagakake
3.      Nyiapake papan panggonan (setting)
4.      Milih lan nemtokake paraga
5.      Akting (carane paraga berekspresi)
6.      Bloking : tata posisi paraga ing panggung
7.      Tata artistik : tata rias, tata musik, tata busana, lan pengaturane lampu

Pamilahe pacelathon ing pentas drama yaiku :
1.      Dialog : pacelathon antara rong paraga/ luwih
2.      Monolog : pacelathon dhewean
3.      Prolog : pacelathon sing ditindakake ana ing wiwitan pentas drama
4.      Epilog : pacelathon sing ditindakake ana ing pungkasan pentas drama

Comments

Post a Comment

Popular posts from this blog

TEMBUNG ENTAR, GARBA, SAROJA. tegese lan tuladhane tembung entar, garba lan saroja

Tembung Entar Tembung entar ing bahasa Indonesia diarani kata bermakna kiasan (konotasi). Tembung entar (tembung silihan) iku tembung sing wis oncat saka tegese sing baku utawa tembung sing ora kena ditegesi mung sawantahe. Tuladha :

Tegese ukara agnya, tuladha, lan jenise...

    UKARA AGNYA UKARA AGNYA yaiku ukara kang ngemu surasa pakon (perintah). Ukara agnya adate migunakake panamabang a , na, ana.lan en Tuladha :