TEMBUNG ENTAR, GARBA, SAROJA. tegese lan tuladhane tembung entar, garba lan saroja Skip to main content

TEMBUNG ENTAR, GARBA, SAROJA. tegese lan tuladhane tembung entar, garba lan saroja



Tembung Entar
Tembung entar ing bahasa Indonesia diarani kata bermakna kiasan (konotasi). Tembung entar (tembung silihan) iku tembung sing wis oncat saka tegese sing baku utawa tembung sing ora kena ditegesi mung sawantahe.
Tuladha :

1.       Yen kowe melu wong aja pisan-pisan dawa tangane
Dawa tangane sing dikarepake gelem nyolong
2.       Yen wong tuwamu repot ya aja digegem tangane.
Digegem tangane sing dikarepake ora gelem tandang gawe
Kanthi tuladha iku bisa disimpulake yen tembung entar iku tembung sing tegese ora sabenere.

Tembung Garba
Tembung garba yaiku tembung loro utawa luwih sing digandheng dadi siji sarana nyuda cacahe wanda. Tembung garba diarani uga tembung sandi.
Tuladha :
1.        Sarwendah  → sarwa + endah
2.        Narendra  → nara + indra
3.         Prameswari  → parama + iswari

Tembung Saroja
Tembung saroja yaiku tembung loro utawa luwih sing tegese padha utawa meh padha dienggo bebarengan tujuane kanggo mbangetake.
Tuladha :
1.        Sajake warga desa padha katon ayem tentrem lan sayuk rukun mbangun desa.
·         Ayem = tentrem
·         Sayuk = rukun
2.        Susilowati olehe mlaku gandheng renteng karo kancane
·         Gandheng = renteng


Comments

Post a Comment

Popular posts from this blog

DRAMA. tegese, jenis-jenise lan unsur-unsur drama

DRAMA Drama mujudake seni pertunjukan sing nampilake lakon (paraga) ing pentas (panggung). Jenis-jenise drama :

Tegese ukara agnya, tuladha, lan jenise...

    UKARA AGNYA UKARA AGNYA yaiku ukara kang ngemu surasa pakon (perintah). Ukara agnya adate migunakake panamabang a , na, ana.lan en Tuladha :