WAWANREMBUG. tegese, jenis-jenise lan tuladhane lapuran wawanrembug Skip to main content

WAWANREMBUG. tegese, jenis-jenise lan tuladhane lapuran wawanrembug




TEGESE WAWANREMBUG
yaiku Kegiatan tanya jawab/dialog antarane pewawancara lan narasumber.
↔ Pewawancara : Wong sing nganakake wawancara
↔ Narasumber :  #  paraga sing dianggep mangerteni sakabehe informasi
     #  paraga sing ditakoni lan mangsuli kabeh pitakon kang
         diajokake.
     #  responden (informan).
TUJUAN.
Golek warta (informasi), katrangan, utawa panemu (pendapat).

BAB-BAB SING KUDU DIGATEKAKE SADURUNGE NINDHAKAKE WAWANCARA
1.       Nemtokake tujuan.
2.       Nemtokake narasumber sing mangerteni/mumpuni.
3.       Nyiapake materi (bahan) kanggo wawancara arupa dhaftar pitakonan sing ditujokake marang narasumber
4.       Nemtokake panggonan lan wektu kanthi semayanan luwih dhisik karo wong sing diajak wawancara.
5.       Nindhakake wawancara kanthi nggunakake dhaftar pitakonan sing disiapake.
6.       Nyatet/ngrekam katrangan kang wigati/teliti saka narasumber
7.       Nggunakake unggah-ungguh basa sing trep marang wong sing diajak wawancara.
8.       Nyusun asil kegiatan wawancara wujud palapuran/laporan

JINIS-JINISING WAWANREMBUG :
a.   Wawancara bebas/mardika
               wawancara sing katindakake dening pewawancara sing ora ditata dhisik pitakon-pitakon lan sing dadi bakuning pirembugan gumantung kaanan/swasananing wawancara.
b.   Wawancara terpimpin/kapimpin
             wawancara sing katindakake kanthi wis nyepakake pitakon-pitakon kang bakal ditakokake.
c.   Wawancara individual/mandiri
                wawancara sing katindakake dening sawijining pewawancara marang sawijining  
   responden (informan).
d.   Wawancara kelompok
                 wawancara sing katindakake marang sekelompok responden kanthi
   bebarengan.
e.   Wawancara tertutup/tinutup
             wawancara sing katindakake marang responden adhedhasar pitakon kang winates wangsulane.

f.    Wawancara konferensi
             wawancara sing katindakake dening sawijining pewawancara marang pirang-pirang responden
 wawancara sing katindakake dening pirang-pirang pewawancara marang sawijining responden.
g.    Wawancara terbuka/binuka
              wawancara sing katindakake marang responden kanthi dhasar pitakon kang ora winates.





TULADHANE  LAPURAN WAWACARA


LAPURAN WAWANREMBUG

1.       Wektu wawanrembug         : ......................................................
2.       Panggonan Wawanrembug : ......................................................
3.       Bab Wawanrembug            : ......................................................
4.       Asil Wawanrembug            : ......................................................
....................................................................................................
....................................................................................................
....................................................................................................
                                             Pelapor                   : ......................
                                             Nama Kelompok    : .....................
                                            Anggota Kelompok : (1) ................
                                                                               (2) ...............
                                                                               (3) ...............
                                                                               (4) ...............
                                                                               (5) ...............


TULADHA  WAWANCARA:
TEMA                    : Lingkungan Industri
Irah-irahan          : Perajin Keramik Melikan
Narasumber       : Bapak Suyadi
Tujuan                  :
 -    Ngerteni ana ing ngendi perajin keramik melikan.
-          Ngerteni pihak ngendi wae kang amrih bisa aweh dalan bab pemodhalan
-          Ngerteni program apa kang menehi bantuan

Cathethan Pitakonan :
1.       Pitakonan Utama :
-          Perajin keramik Melikan iku ana ing Kabupaten ngedi?
-          Pihak ngendi wae kang amrih bisa aweh dalan bab pemodhalan?
-          Program apa kang menehi bantuan marang perajin keramik Melikan?

2.       Pitakonan Tambahan :
-          Piro cacahing anggota perajin keramik Melikan iku?
-          Sapa perajin kang ngakoni yen reribet dirasakake perkara modal?
-          Kepriye peralatan kang digunakake para perajin keramik Melikan?
-          Perajin antuk bantuan kang awujud apa wae?


Comments

Post a Comment

Popular posts from this blog

TEMBUNG ENTAR, GARBA, SAROJA. tegese lan tuladhane tembung entar, garba lan saroja

Tembung Entar Tembung entar ing bahasa Indonesia diarani kata bermakna kiasan (konotasi). Tembung entar (tembung silihan) iku tembung sing wis oncat saka tegese sing baku utawa tembung sing ora kena ditegesi mung sawantahe. Tuladha :

DRAMA. tegese, jenis-jenise lan unsur-unsur drama

DRAMA Drama mujudake seni pertunjukan sing nampilake lakon (paraga) ing pentas (panggung). Jenis-jenise drama :

Membedakan antara fakta dan opini dalam teks iklan di surat kabar mlalui membaca intensif

IKLAN             Iklan adalah Berita pesanan untuk mendorong dan membujuk khalayak ramai untuk  memenuhi permintaan dalam iklan. Iklan dapat dikelompokkan berdasarkan sifatnya : ·       Iklan bersifat pengumuman.  ·       Iklan bersifat penawaran barang atau jasa.  ·       Iklan bersifat reklame, berisikan semboyan/ gambar yang menarik.  Syarat-syarat penyusunan naskah iklan :   a.        Kalimatnya efektif, dengan pilihan kata tepat, yang menarik, sopan dan logis.  b.       Penyusunannya secara singkat dengan menonjolkan bagian yang dipentingkan.  c.        Isinya sesuai dengan barang/ produk yang diiklankan dan tidak merugikan masyarakat.   d.       Gambar iklan harus me...