UKARA TANDUK lan UKARA TANGGAP. tegese lan tuladhane ukara tanduk lan tanggap Skip to main content

UKARA TANDUK lan UKARA TANGGAP. tegese lan tuladhane ukara tanduk lan tanggap




1.       Ukara Tanduk
Ukara tanduk yaiku ukara kang nelakake mobah mosik utawa tandang grayang, dadi kang dipentingake utawa kang wigati jejere. Wesenaning ukara awujud tembung kriya tanduk, yaiku tembung kriya wantah utawa ater-ater anuswara.
Tuladha :
a)       Tanduk Kriya
-          Adhiku ngoyak kucing ing latar.
-          Romy nembang macapat ing ngarep kelas.
-          Ibu ndulang adhik ing latar.
-          Adhit ngulukake layangan ing sawah.
b)       Tanduk Kriya Wantah
-          Ani lagi turu.
-          Bapak nembe siram.

2.       Ukara Tanggap
a.       Ukara tanggap yaiku ukara kang mratekake kahananing lesan, kang dianggep wigati lesane. Ukara tanggap iku wasesane awujud tembung tanggap, yaiku tembung kriya mawa ater-ater dak, ko, di, ka utara seselan in.
Tuladha :
Tandurane kembang disirami Wati.
Wingi sore dhuwite wis dakjaluk.
Pepriman iku diparingi dana driyah dening Pak Kaji.
Wayang ditonton dening bocah-bocah lan wong tuwa.
Rotine wis disetorake Jodhi ing toko-toko.

b.      Ngowahi ukara tanduk dari ukara tanggap
Ukara tanduk bisa diowahi dadi ukara tanggap lan suwalike ukara tanggap bisa diowahi dadi ukara tanduk. Ukara tanduk bisane owah dadi ukara tanggap sarate kudu ana lesane (ukara tanduk transitif), nanging yen ukara mau tanpa lesan (ukara tanduk intransitif) ora bisa diowahi dadi ukara tanggap.
Tuladha :
Bapak mbedhil celeng ing alas. Ukara iki bisa diowahi dadi ukara tanggap amarga mawa lesan, dadine ukara tanggap : Celeng dibedhil Bapak ing alas.

Sabanjure gatekna ukara ing ngisor iki!
Saben dina Minggu Ariyani njoged ing Plataran Candhi Prambanan.

Comments

Popular posts from this blog

TEMBUNG ENTAR, GARBA, SAROJA. tegese lan tuladhane tembung entar, garba lan saroja

Tembung Entar Tembung entar ing bahasa Indonesia diarani kata bermakna kiasan (konotasi). Tembung entar (tembung silihan) iku tembung sing wis oncat saka tegese sing baku utawa tembung sing ora kena ditegesi mung sawantahe. Tuladha :

DRAMA. tegese, jenis-jenise lan unsur-unsur drama

DRAMA Drama mujudake seni pertunjukan sing nampilake lakon (paraga) ing pentas (panggung). Jenis-jenise drama :

Membedakan antara fakta dan opini dalam teks iklan di surat kabar mlalui membaca intensif

IKLAN             Iklan adalah Berita pesanan untuk mendorong dan membujuk khalayak ramai untuk  memenuhi permintaan dalam iklan. Iklan dapat dikelompokkan berdasarkan sifatnya : ·       Iklan bersifat pengumuman.  ·       Iklan bersifat penawaran barang atau jasa.  ·       Iklan bersifat reklame, berisikan semboyan/ gambar yang menarik.  Syarat-syarat penyusunan naskah iklan :   a.        Kalimatnya efektif, dengan pilihan kata tepat, yang menarik, sopan dan logis.  b.       Penyusunannya secara singkat dengan menonjolkan bagian yang dipentingkan.  c.        Isinya sesuai dengan barang/ produk yang diiklankan dan tidak merugikan masyarakat.   d.       Gambar iklan harus me...