UKARA SAMBAWA. tegese lan tuladhane ukara sambawa Skip to main content

UKARA SAMBAWA. tegese lan tuladhane ukara sambawa


UKARA SAMBAWA


Ukara sambawa bisa ditegesi ukara kang medharake rasa pangarep-arep, saupama lan senajan. Kajaba bisa katitik saka lagu ucapane uga diwujudi sarana panambang kaya dene ukara pakon/hagnya.



Tuladha:                                        
Udana kawit esuk , aku malah ora sida budhal menyang Surabaya. (Umpama)

Udana kae aku kudu budhal saiki amarga wis dienteni wong akeh. (Senajan)

Ukara-ukara sambawa racake migunakake tembung-tembung sing diwuwuhi imbuhan: a, dak-a, kok-a, dak-ana, kok-ana, lan di-ana.
Tuladha:
1.    Panasa ta klambiku ben ndang garing.
2.    Udana ya pariku ben urip
3.    Duwea sangu aku wingi tekan Bali.
4.    Sugiha dhuwit aku rak wis gawe omah.
5.    Diwenehana klambi apik ya ora tau dianggo.
6.    Dakkandhanana paling-paling ya ora digugu.

Tegese Ukara Sambawa:
aSenajan
Tuladha:
a.    Awana kae ora ana wong liwat babar pisan, aku ya ora wani.
b.    Bagusa kae yen ala aten-atene, ya tetep ora becik.
c.     Muraha kae aku ora duwe dhuwit ya ora tuku.
b.  Saupama
     Tuladha:
a.    Budhala esuk aku mau ora kepancal sepur.
b.    kokakonana luputmu, kowe  mau ora nganti didukani.
c.     Dikancanana aku mau sida budhal saiki.
c. Ngarep-arep
Tuladha:
a.    Diparingana slamet anggone lunga, supaya enggal ketemu adhine.
b.    Mundhuta jajan ya ibuku mengko, jalaran wetengku krasa luwe.
c.     Digawakna jeruk sing legi, kena kanggo tamba ngelak.

Comments

Popular posts from this blog

TEMBUNG ENTAR, GARBA, SAROJA. tegese lan tuladhane tembung entar, garba lan saroja

Tembung Entar Tembung entar ing bahasa Indonesia diarani kata bermakna kiasan (konotasi). Tembung entar (tembung silihan) iku tembung sing wis oncat saka tegese sing baku utawa tembung sing ora kena ditegesi mung sawantahe. Tuladha :

DRAMA. tegese, jenis-jenise lan unsur-unsur drama

DRAMA Drama mujudake seni pertunjukan sing nampilake lakon (paraga) ing pentas (panggung). Jenis-jenise drama :

Membedakan antara fakta dan opini dalam teks iklan di surat kabar mlalui membaca intensif

IKLAN             Iklan adalah Berita pesanan untuk mendorong dan membujuk khalayak ramai untuk  memenuhi permintaan dalam iklan. Iklan dapat dikelompokkan berdasarkan sifatnya : ·       Iklan bersifat pengumuman.  ·       Iklan bersifat penawaran barang atau jasa.  ·       Iklan bersifat reklame, berisikan semboyan/ gambar yang menarik.  Syarat-syarat penyusunan naskah iklan :   a.        Kalimatnya efektif, dengan pilihan kata tepat, yang menarik, sopan dan logis.  b.       Penyusunannya secara singkat dengan menonjolkan bagian yang dipentingkan.  c.        Isinya sesuai dengan barang/ produk yang diiklankan dan tidak merugikan masyarakat.   d.       Gambar iklan harus me...