TEMBUNG RANGKEP
Tembung rangkep yaiku sakabehing tembung sing diwaca kaping pindho kabeh tetembungane utawa mung sawanda bae.
Warna-warnaning tembung rangkep:
1. Tembung dwilingga
yaiku tembung-tembung sing diwaca kaping pindho kabeh linggane.
Werna-wernane tembung dwilingga:
a. Dwilingga padha swara
yaiku tembung lingga diucapake kaping pindho.
Tuladha : sawah-sawah, murid-murid, tengah-tengah, suwe-suwe, lsp.
b. Dwilingga semu
yaiku tembung dwilingga kang ora nduweni linggane.
Tuladha : orong-orong, ondhel-ondhel, usup-usup, andheng-andheng, lsp.
c.Dwilingga salin swara
yaiku tembung lingga diucapake kaping pindho, naging owah swarane.
Tuladha : bola-bali, ulak-ulik, kothang-kathung, tudang-tuding, lsp.
2. Tembung Dwipurwa
yaiku tembung lingga wanda wiwitan diucapake kaping pindho.
Tuladha : lelaku, sesambat, peparing, tetuku, kekasih, lan liya-liyane.
3. Tembung dwiwasana
yaiku tembung lingga wanda wekasan diucapake kaping pindho.
Tuladha : cengingis, celuluk, jegagak, pethunthung, beduduk, lan liya-liyane
Comments
Post a Comment