PIDHATO
Pidatho utawa kasebut tanggap wacan/ sesorah yaiku kegiatan micara ana ing sangarepe wong akeh (massa) kang
nduweni tujuan tartamtu.
Tujuan pidhato umpamane:
- Kanggo aweh panglipur
- Kanggo pitutur /aweh ular-ular utawa pangerten
- Kanggo paring kawruh/aweh daya pangribawa marang sing ngrungokake.
- Kanggo caos pawarta
- Kanggo pamikat
Langkah-langkah pidhato, yaiku:
- Nemtokake tema (underan)
- Nemtokake tujuan
- Ngumpulake bahan
- Nyusun rengrengan pidhato
- Ngembangake rengrengan dadi teks pidhato
- Latihan kanthi suara lan pangocapan kang trep
Rataman (susunan) teks pidhato, yaiku:
- Salam pambuka
Salam pambuka yaiku manut kapitayane
dhewe-dhewe.
- Purwaka
Purwaka yaiku menehi pangurmatan lan atur
pinuwun marang para rawuh lan utawa puji syukur marang Gusti Allah.
- Isi (surasa basa)
Isine pidhato kudu runtut miturut apa kang
arep dirembug ana ing langkah-langkah pidhato.
- Dudutan (kesimpulan)
Dudutan (kesimpulan) yaiku wigatine atur
ing pidhato.
- Pangarep-arep
Pangarep-arep yaiku bab kang dikarepake
dening kang nindhakake pidhato marang sing pada ngrungokake.
- Panutup (wasana basa)
Panutup (wasana basa) yaiku atur pinuwun
lan nyuwun pangapura yen ana kaluputan marang para rawuh.
Jenis pidhato ana 4, yaiku:
- Pidhato Persuasif : tujuane menehi pengaruh kang ngrungokake
- Pidhato Argumentatif : tujuane menehi keyakinan kang ngrungokake
- Pidhato Informatif : tujuane menehi pawarta/ menehi weruh
- Pidhato Deskriptif : tujuane nggambarake kahanan.
Supaya pidhato kang diwedharake oleh
kasil apik kudu migatekake bab-bab
ing ngisor iki:
- Persiapane pidhato kudu sing mateng.
- Suara, lagu, pangocapan kudu bener lan kudu didukung gerak-gerik lan penampilan rapi, sopan lan nengsemake.
- Kudu milih metode pidhato kang cocog karo tema kang diwedharake.
- Sikap solah bawa sing apik kalarasake kahanan apa kang diwedharake.
Bab-bab sing kudu digatekake nalika
ngrungokake pidhato,
yaiku:
- Aja mawas sapa sing ngomong (sing menehi pidhato) nanging rungokno isine.
- Aja gampang nyacat wong sing lagi menehi pidhato (kudu ngajeni).
- Isine sing becik enggonen, dene sing ala tinggalen.
- Bab-bab sing kok anggep perlu catheten supaya bisa dingerteni isine pidhato kanthi jangkep.
Metode pidhato ana 4, yaiku:
- Metode Naskah yaiku pidhato kanthi maca naskah kang ditulis. Tuladhane pidhato-pidhato resmi bab pamarintahan.
- Metode Impromtu yaiku pidhato dumadaan/ spontan, tanpa ana persiapan luwih dhisik.
- Metode Ngapalake yaiku pidhato kang wis direncanakake luwih dhisik ditulis jangkep banjur diapalake.
- Metode Ekstemporan (tanpa naskah/ catatan cilik) yaiku pidhato tanpa gunakake naskah jangkep, nanging mung arupa pokok pikiran utawa catetan penting. Metode iki sifate luwes, maksude basa kalarasake karo kahanan
CENGKORONGAN WEDHARAN SABDA KUDU JUMBUH KARO TUJUAN LAN ISI
WEDHARAN.
Tuladha : adicara perpisahan
siswa kang lagi lulusan
Tema pamitan.
CENGKORONGAN
PAMBUKA
: ULUK SALAM
1.
Caos kurmat marang Kepala Sekolah, Bapak
ibu guru lan karyawan. Boak ibu pengurus komite.Bapak ibu wali Murid lan kanca
rowang.
2.
Atur syukur marang Gusti Kang Maha Wikan.
3.
Atur panuwun, sugeng rawuh
ISI : Atur panuwun marang Bapak
Ibu Guru sing wis paring kawruh
1.
Lan nggulawentah.
2.
Atur pamit.
3.
Nyuwun puji pangestu.
4.
Menehi greget marang adhi-adhi klas VII
lan klas VIII
PANUTUP : Nyuwun pangaksami
Sikap sing mranani mungguhing pamedhar sabda antarane :
a.
Olehe nindakake pamedhar sabda kanthi ulat
sing ajer utawa ora mbesengut.
b.
Ora nganggo polah/ ngobahake awak kang
linuwih.
c.
Ngurmat lan ngajeni mara para tumanggap.Kanthi
trapsila sopan santun ing tingkahlaku.
d.
Migunakake basa sing trapsila mathuk
tumrap kahanan medhar sabda.
Babagan sing kudu digatekake pamedhar
sabda antarane :
a.
Kahanan.
b.
Papan
c.
Para tumanggap.
d.
Basa wedharan
Pamedhar sabda kudu nggatekake papan lan
kahanan yen wayah awan, kahanan panas, manggon ing lapangan olehe wedharan
sabda ora perlu suwe-suwe. Nanging sing diwedharake saperlu wae utawa singkat
lan jelas. Pamedhar sabda kudu nggatekake basal an para tumanggap, Yen sing
tumangga para sepuh, pamedhar sabda kudu migunakake basa karma alus.
Manawa sing tumanggap para nom-noman sing
kudu diajeni ,pamedhar sabda luwih prayoga nggunakake basa ngoko alus, medhar
sabda ing sangarepe bocah-bocah utawa kancanme dhewe bisa migunakake basa ngoko
lugu.
TULADHA:
Assalamu’alaikum Wr Wb.
Bapak Ibu Kepala Sekolah SMP ingkang
dhahat kinurmatan,
Bapak Ibu Guru saha Staf tata
usaha ingkang tinuladha sinudarsana, para Bapak Ibu tamu undhangan ingkang
bagyaq mulya, para mitra siswa Kelas IX saha sesulih Kelas VII lan kela VIII
ingkang kula tresnani sumangga kita aturaken puja-puji Syukur ing ngarsa GUSTI
KANG MAHA WIKAN. Awit saking rahmad saha hidayahipun kita saget makempal ing
adicara menika.
Bapak Ibu ingkang satuhu
kinabekten keparenga ing wekdal punika kula ingkang piniji minangka sesulih
kelas sanga ngaturaken gunging panuwu Saha sugeng rawuh dhumateng panjenengan
sami wonten ing adicara punika.
Bapak Ibu Guru ingkang pantes tinuladha sinudarsana, mboten
kanyana sampun tigang warsa kula kagulawentah, kaparingan kawruh saha pitutur
luhur, saengga kula saha para rencang saged amecaki margi kebak tata krami.
Pramila ageng sanget panarimah
kula, dene kula sarencang among saged
ngaturake panuwun ingkang tanpa upami. Mugi-mugi GUSTI INGKANG MAHA WIKAN
paring pinwales tumrap kawigatosan opanjenengan dhumateng kula sami.
Bapak Ibu Guru ingkangtuhu kinabekten awrat anggen kula matur, dene ing wekdal
punika kula kedah pamit kangge ngudi kawruh salajeng-ipun. Mugi pinaringan idi
pangestu panjenengan sami saengga kula saged pikantuk pawyatan ingkang
minunggul kados ingkang panjenengan kersakaken.
Para rayi ingkang banget kula tresnani ing sasampunipun kula pamit
samangke sumangga kita ngagengaken greget kangge mbangun pawyatan kita
punika sesarengan ngudi kawruh ingkang
satuhunipun.
Bapak Kepala Sekolah, para Bapak tuwin ibu guru staf, tata usaha saha para rayi, sadangunipun tigang warsa
kita gesang srawung ing bebrayan pawyatan punika tamtunipun kathah kalepatan
ingkang kita lampahi.
Pramila keparenga ing wekdal
punika kula sakanca nyuwun agunging
aksama. Semanten ugi menawi wonten klentu kula sakanca nyuwun pangakasama.
Bapak ibu guru ,para lenggah ingkang luhur ing budi bebilih cekap
semanten atur kula menawi wonten cewetng
atur kula nyuwun agunging pangaksama.
Pungkasaning atur,
Wassalamu”alaikum Wr Wb.
Comments
Post a Comment