Pengalaman pribadi yaiku kabeh
kadadean kang tau dialami dening sawijining wong. Saben wong
mesthi tau ngalami kadadean utawa prastawa ing pasrawungan saben dina. Ana kadadean kang nyenengake, ana sing mangkelake lan ana sing gawe lucu utawa gawe isin. Pengalaman pribadi mau biasane nabet ing ati ora gampang bisa dilalekake. Kanggo nyritakake maneh pengalaman pribadi, cara kang bisa ditempuh kaya ing ngisor iki:
mesthi tau ngalami kadadean utawa prastawa ing pasrawungan saben dina. Ana kadadean kang nyenengake, ana sing mangkelake lan ana sing gawe lucu utawa gawe isin. Pengalaman pribadi mau biasane nabet ing ati ora gampang bisa dilalekake. Kanggo nyritakake maneh pengalaman pribadi, cara kang bisa ditempuh kaya ing ngisor iki:
1. Ngeling-eling pengalaman pribadi sing endi kang
bakal dicritakake.
2. Pilihen pegalaman pribadi sing paling nabet ati.
3. Susunen pengalaman mau saka wiwitan nganti
pungkasan nganggo basa kang apik.
Tuladha :
Daftar
Sekolah
Mulai wulan juli aku sekolah ing SMP. Mulane sawise lulus saka SD aku
ndhaftarake sekolah liwat SD-ku bareng-bareng. Kabeh urusan sing ana hubungane
karo pendaftaran ditangani guru kelasku wektu SD. Saka SD-ku sing daftar cacahe
rong puluh murid. Liyane daftar dhewe-dhewe ing sekolah SMP liya.
Aku tansah ndedonga :”Muga-muga aku bisa ditampa ing SMP Negeri”. Aku
kuwatir gek ora ditampa amarga bijiku biasa-biasa wae. Sejatine bijine kancaku
sing sangisore bijiku ya isih akeh, saweruhku malah kepara luwih akeh.
Seminggu saminggu sabubare pengumuman disiyarake, esuk-esuk aku ndeleng pengumuman karo kanca-kancaku
kang padha daftar ing SMP Negeri iku. Ora lali aku nyuwun donga pangestu marang
Bapak lan Ibu.
Ibuku ngrangkul aku lan panjenengane ngendika:”Ya.. ndhuk ... muga-muga
kowe ditrima ing SMP Negeri.”
Semono uga bapakku, panjenengane nalika dak pamiti ngelus-elus rambutku
lan ngendika:”Ya ndhuk ... saben ndina Bapak ndedonga supaya gegayuhanmu bisa
ketekan.”
Aku ndeleng pengumuman bareng kanca raketku yaiku ida lan ayu. Bareng wis
teka SMP kang dak tuju pranyata wis akeh kang uga arep ndeleng pengumuman. Ana
kang diterake Bapake, Ibuke ana sakeluargane. Ana uga kang grudugan bareng
kanca-kancane sekolah SD kaya aku sakancaku.
Lagi jam 11.00 aku keprungu pengumuman saka salah sawijining guru SMP:
“Para murid kang arep ndeleng pengumuman wis dikeparengake, mapane ana telung
panggonan papan pengumuman.”
“Alhamdulillah” pangucapku karo metu ska krumunan bocah-bocah liya sing
sajak durung nemokake jenenge ing papan. Ora krasa eluhku netes apa amerga
saking senengku.
Ora let suwe aku keprungu swara:” Aku ditrimaaaaa...” dak teling-teling
iku swarane ayu sinambi nyedhaki aku sing lagi lingak-linguk nggoleki ida lan
ayu kepriye kabare.
“Lha kepriye Ida? Pitakonku marang Ayu.
“Kuwi lho delengen, dheweke mesam-mesem ing mburimu!” pambengoke ayu.
“Alhamdulillah.” Bocah telu wusanane nguccap syukur bebaengan kanthi
swara koor. Ora lali padha rangkul-rangkulan. Iki tegese bocah telu bakal
sasekolahan maneh.
Sateruse aku bocah telu mlaku-mlaku ngubengi sekolahan, ndeleng ruang
kelas siji lan ruang kelas liyane. Bocah-bocah liya uga padha karo aku sing
sajake wing sumringah padha mubeng-mubeng kaya aku lan kancaku.
Sawise rumangsa dha ditrima bocah telu mulih bebarengan kanthi rasa
mongkog, sinambi ngrakit ukara kanggo matur marang wong tuwane dhewe-dhewe.
Satkane omah aku langsung mlayu madosi ibu lan matur menawa aku ditampa ing SMP
Negeri.
“Alhamdulillah” Ibu lan Bapakku seneng banget. “ Muga-muga ndhuk.. suk
awakmu dadi wong pinter, tansah gampang olehmu nggolek sekolahan lan tansah mujur
anggonmu golek papan nyambut gawe, Begja mulya dunya akherot.”
“Amin....amin ya Robbal’alamin.”
Kapetik saka : BKS VIII 2009
Kapok
Bapak lan Ibu guru ora bosen-bosen tansah ndhawuhi siswa-siswane supaya
yen numpak sepedhah aja banter-banter, apa maneh jejer telu. Bapak lan ibu guru
pirsa dhewe menawa mulih sekolah, para siswa numpak sepedha jentrk-jentrek karo
guyon. Ngono kuwi mbebayani banget lan ndadekake lalu lintas macet. Ananging
dhasare bocah, kupinge mung kanggo ngrungokake nanging ora ngatekake dhawuhe
Bapak lan Ibu guru, apa maneh aku kang kondhang nakale.
Saben numpak sepedha aku kerep pamer. Kadhang kala cul-culan tangan, ban
ngarep tak umbulna, lan kadhang kala sleyat-sleyot kaya wong mendem. Iku
tujuane supaya kanca-kancaku sorak. Ananging ndilalah, mak bruk... sepedhaku
nabrak kancaku sing lagi numpak jejer telu. Wong papat padha kruntelan tumpang
tindhih, kancaku ana kang bathuke mrempul, ana sing babak bundhas, ana sing
sikile kecepit ruji lan tanganku dhewe ceklek. Aku kudu digawa ing RS.
Wiwit kadadean iku aku kuapooook...... numpak sepedha sakarepku, aku kudu
ngati-ati.
Kapetik Saka: Lebda Basa VIII
Comments
Post a Comment