PAWARTA. tegese lan perangane pawarta (berita) Skip to main content

PAWARTA. tegese lan perangane pawarta (berita)



Pawarta yaiku katrangan kang bisa menehi pangerten ngenani sawijining kahanan.  Perangane pawarta ing basa Inggris iku diarani 5W+1H, yaiku Who What, When, Where, Why, lan How. Pangertene ing basa Jawa yaiku sapa, apa, ing ngendi papane, genea, lan kepriye.

Pawarta minangka prastawa kang diwartakake. Pawarta iku bisa arupa lesan lan tulisan. Lesan ateges pawarta iku bisa diwartakake dening wong liya kanggo pamiyarsa lumantar swara. Lesan biasane digiyarake lumantar radio, TV utawa diwaca lugas. Tulisan pawarta iku lumrahe  kapacak ana ing kalawarti.

Perangan kang nemtokake bobot biji pawarta yaiku:
1.      Aktualitas
2.      Sesambungan karo papan kedadeyan
3.      Sesambungan karo unsur-unsur kang ketut ing sakjrone kedadeyan
4.      Sesambungan karo pegaweyan pamaca/ pamiyarsa.
5.      Ganepe pawarta

Saya akeh gunane pawarta kuwi tumrap pawongan, saya mundhak dhuwur biji pawarta kuwi tumrap dheweke.
Para siswa kang kulina ngrungokake pawarta Jawa mesthine bisa tambah wawasan lan pangertene marang ukara jawa. Kang perlu digatekake nalika ngrungokake pawarta utawa informasi yaiku:
a.       Mangerteni kanthi cetha prakara kang disampekake
b.      Mbedakake informasi kang penting lan ora penting
c.       Nyathet informasi sing bener lan premathi

            Sakbubare para siswa ngrungokake pawarta diajab siswa bisa gawe simpulan saka pawarta kang disemak, kesimpulan yaiku rumusan cekak saka loro utawa luwih pernyataan kang nduweni hubungan. Nyimpulke pawarta berarti nanggepi pernyataan-pernyataan ana ing pawarta. Nalika menehi tanggepan bisa ngutarake setuju utawa ora setuju marang pawarta kang nembe dirungokake.

Nerangake wacan sing diwacakake.
Saben-saben wacan mesthi nduweni bakune gagasan sing perlu dilairakae lumantar tulisan dening pangriptane.
Urut-urutan kanggo nemtokake bakune gagasan yaiku:
1.       Jingglengen teks wacan sing diwacakake kanthi temenan
2.       Ngertenana apa wosing karep jroning irah-irahan (judhul)
3.       Temokna bakune gagasan saben-saben andharan.
4.       Temokna sambung rakete antarane andharan siji karo sijine.
5.       Nggawea dudutan/kesimpulan ngenani isine wacan sing mentas kokwaca

Comments

Popular posts from this blog

TEMBUNG ENTAR, GARBA, SAROJA. tegese lan tuladhane tembung entar, garba lan saroja

Tembung Entar Tembung entar ing bahasa Indonesia diarani kata bermakna kiasan (konotasi). Tembung entar (tembung silihan) iku tembung sing wis oncat saka tegese sing baku utawa tembung sing ora kena ditegesi mung sawantahe. Tuladha :

DRAMA. tegese, jenis-jenise lan unsur-unsur drama

DRAMA Drama mujudake seni pertunjukan sing nampilake lakon (paraga) ing pentas (panggung). Jenis-jenise drama :

Membedakan antara fakta dan opini dalam teks iklan di surat kabar mlalui membaca intensif

IKLAN             Iklan adalah Berita pesanan untuk mendorong dan membujuk khalayak ramai untuk  memenuhi permintaan dalam iklan. Iklan dapat dikelompokkan berdasarkan sifatnya : ·       Iklan bersifat pengumuman.  ·       Iklan bersifat penawaran barang atau jasa.  ·       Iklan bersifat reklame, berisikan semboyan/ gambar yang menarik.  Syarat-syarat penyusunan naskah iklan :   a.        Kalimatnya efektif, dengan pilihan kata tepat, yang menarik, sopan dan logis.  b.       Penyusunannya secara singkat dengan menonjolkan bagian yang dipentingkan.  c.        Isinya sesuai dengan barang/ produk yang diiklankan dan tidak merugikan masyarakat.   d.       Gambar iklan harus me...