LAYANG. tegese, jenise, perangane lan tuladhane layang (surat) Skip to main content

LAYANG. tegese, jenise, perangane lan tuladhane layang (surat)





Miturut jenise layang iku kaperang ing ngisor iki :
1.       Layang kiriman utawa layang iber-iber
2.   Layang Paturan

         Yaiku sawijine layang sing isine menehi weruh utawa ngabari samubarang sing kudu
dingerteni dening wong akeh.
3.   Layang Dhawuh
Yaiku layang sing isine dhawuhe wong dhedhuwuran marang andhahane (saka wong sing luwih dhuwur pangkate marang wong sangisore)
4.   Layang Ulem
Yaiku layang undhangane wong sing duwe gawe (mantu, khitanan, ulang taun, lan pahargyan liyane)
5.   Layang Lelayu
Yaiku layang sing isine menehi kabar kesripahan utawa wong kepaten
6.   Layang Ganep
Yaiku layang sing isine jangkep (nggunakake unggah-ungguh sing trep, nganggo bebuka, isi, panutup, tanggal, paprenahan, lan tandha tangan serta jeneng sing ngirim)

Bab-bab kang kudu digatekake ing layang kiriman/iber-iber :
1.       Kanggo sapa layang kasebut dikirim
2.       Yen layang katujokake marang wong tuwa/ wong kang luwih tuwa, prayogane migunakake basa krama.
3.       Yen layang katujokake marang kanca cukup nggunakake basa ngoko.

                                             .....................(1)
......................(2)

......................(3)
..................................................................(4)
..................................................................(5)
..................................................................(6)
.......................(7)

                                               .....................(8)
                                               .....................(9)
                                              ....................(10)


                                                                                                                                                                


Perangane layang ganep:
1.  Titi Mangsa,
yaiku perangan kang nyethakake wektu lan papan panulise layang
2.  Adangiyah,
yaiku perangan kang nyebutake marang sapa layang ditujokake
3.  Salam Pambuka
4.  Purwaka Basa,
yaiku perangan sadurunge isine layang lumrahe isi atur pambagya wilujeng
4.       Surasa Basa,
yaiku perangan isi layang utawa kang dadi wigatining layang
5.       Wasana Basa,
yaiku perangan pungkasane layang, isine nyuwun pangapura manawa ana tetembungan sing kurang prayoga
7.  Salam Panutup
8.  Paprenahan,
yaiku perangan kang nyethakake sapa utawa kaprenah apa kang gawe layang
9.  Tapak Asta, yaiku perangan kang nyethakake tandha tangane sing kirim layang
10. Asma Panyerat, yaiku perangan kang nyethakake jeneng sing kirim layang

Comments

Popular posts from this blog

TEMBUNG ENTAR, GARBA, SAROJA. tegese lan tuladhane tembung entar, garba lan saroja

Tembung Entar Tembung entar ing bahasa Indonesia diarani kata bermakna kiasan (konotasi). Tembung entar (tembung silihan) iku tembung sing wis oncat saka tegese sing baku utawa tembung sing ora kena ditegesi mung sawantahe. Tuladha :

DRAMA. tegese, jenis-jenise lan unsur-unsur drama

DRAMA Drama mujudake seni pertunjukan sing nampilake lakon (paraga) ing pentas (panggung). Jenis-jenise drama :

Membedakan antara fakta dan opini dalam teks iklan di surat kabar mlalui membaca intensif

IKLAN             Iklan adalah Berita pesanan untuk mendorong dan membujuk khalayak ramai untuk  memenuhi permintaan dalam iklan. Iklan dapat dikelompokkan berdasarkan sifatnya : ·       Iklan bersifat pengumuman.  ·       Iklan bersifat penawaran barang atau jasa.  ·       Iklan bersifat reklame, berisikan semboyan/ gambar yang menarik.  Syarat-syarat penyusunan naskah iklan :   a.        Kalimatnya efektif, dengan pilihan kata tepat, yang menarik, sopan dan logis.  b.       Penyusunannya secara singkat dengan menonjolkan bagian yang dipentingkan.  c.        Isinya sesuai dengan barang/ produk yang diiklankan dan tidak merugikan masyarakat.   d.       Gambar iklan harus me...