JENIS TEMBUNG lan UKARA
A.JENIS TEMBUNG
Jenise tembung kaperang dadi 6, yaiku :
1. Tembung Aran
Tembung aran yaiku wong tembung sing dadi jenenge barang utawa apa bae sing dianggep barang.
Tembung aran ora bisa sumambung karo tembung ora, nanging bisa sumambung karo tembung dudu.
Tuladha : guru, pitutur, bocah, wong, pikire, kapinteran, karep, budine, lsp.
2. Tembung Kriya
Tembung kriya, saweneh ana sing ngarani tembung wasesa. Tembung kriya iku wujude arupa :
- Tembung kriya tanduk,
kayata : adus, lungguh, maca, ngarit, ngopeni, ngimpi, lsp.
- Tembung kriya tanggap,
kayata : daksuwun, koajak, diwaos, daktulis, kokirim,lsp.
3. Tembung Watak/Kahanan
Tembung watak yaiku tembung kang bisa digandheng karo tembung luwih, banget lan rada, sarta
duwe teges mratelakake kaanan utawa watak sawijining bab, utawa mratelakake watake barang.
Tuladha : apik, ala, wangi, enak, budheg, bodho, ijo, alus, bunder, abang, adhem, galak, anteng,
lara, lsp.
4. Tembung Katrangan
Tembung katrangan digunakake kanggo nerangake saliyane aran. Umpamane nerangake tembung
kriya, kaanan, wilangan, utawa tembung katrangan dhewe.
Tuladha : sesenggukan, ndrenginging, themal-themil, lsp.
5. Tembung Wilangan
Tembung wilangan yaiku tembung sing mratelakake cacah utawa urut-urutan.
Tuladha : siji, loro, telu, 1/6 (sapronen), 2/8 (rongprowolon), jam setengah pitu, kapindho, kaping telu,
akeh, sethithik, lsp.
6. Tembung Sesulih
a. Sesulih Purusa (kata ganti orang),
kayata : aku, kula, sampeyan, sliramu, dheweke, lsp.
b. Sesulih Pandarbe (kata ganti empunya),
kayata : bukuku, bukune, bukumu, lsp.
c. Sesulih Panuduh (kata ganti penunjuk),
kayata : iki, iku, kuwi, niku, nika, lsp.
d. Sesulih Pitakon (kata ganti tanya),
kayata : apa, sapa, geneya, lsp.
e. Sesulih Panyilah (kata ganti penghubung),
kayata : sing, kang, ingkang, lan, lsp.
f. Sesulih Sadhengah (kata ganti tak tentu),
kayata : sapa-sapa, salah siji, sapa wae, lsp.
B. JENISING UKARA
Tuladha ing wacan :
Kulawargane Pak Jono ayem tentrem. Saben esuk Pak Jono nggarap sawahe. Bu Jono dodol sayuran. Putrane pinter-pinter. Arane Joni lan Siti. Saiki Joni lagi sinau. Siti diutus ibune. Pak Jono sabar banget. Putrane padha nggatekake pituture.
1. Ukara Verbal
yaiku ukara sing wasesane awujud tembung kriya.
Tuladha ing wacan :
a. Saben esuk Pak Jono nggarap sawahe.
b. Bu Jono dodol sayuran.
c. Putrane padha nggatekake pituture.
d. Saiki Joni lagi sinau.
e. Siti diutus ibune.
2. Ukara Nominal
yaiku ukara sing wasesane saliyane tembung kriya.
a. Kulawargane Pak Jono ayem tentrem.
b. Putrane pinter-pinter.
c. Arane Joni lan Siti
d. Pak Jono sabar banget.
Comments
Post a Comment