GEGURITAN. Kasusastran Jawa Tradisional/klasik, Kasusastran Jawa Moderen lan apresiasi geguritan Skip to main content

GEGURITAN. Kasusastran Jawa Tradisional/klasik, Kasusastran Jawa Moderen lan apresiasi geguritan

SASTRA JAWA

A. SEJARAHE
         Kasusastran dening para ahli sosiologi dianggep minangka sumber informasi bab tingkah laku, norma-norma sarta gegayuhan kang khas ing anggota-anggota masyarakat.


         Kasusastran Jawa tinulis kaya kang ana ing masyarakat saiki, isa kaperang dadi loro, yaiku:

1. Kasusastran Jawa Tradisional/klasik
         Diarani kasusastran klasik utawa tradisonal amarga kaiket pathokan-pathokan kang wis disarujuki    turun temurun, umpamane anane guru gatra, guru wilangan lan guru lagu. Sifate kang khas minangka sastra tulis kang ngandhut filsafat adi luhung mula uga kena diarani klasik.
         Serat Wedhatama angitane KGPAA Mangkunegara IV lan Serat Wulangreh angitane Paku Buwana IV mujudake tuladha sastra Jawa klasik utawa tradisional.
 

2. Kasusastran Jawa Moderen
         Kasusastran Jawa moderen mujudake asil imajinasi kreatif masyarakat kanthi tanpa kaiket ing kaidah- kaidah bakyu kaya kang ana ing sastra Jawa klasik. Ora kena diselaki manawa muncule sastra Jawa moderen amarga pengaruh sastra barat kang wujud sastra isine beda banget karo sastra klasik.
         Sastra Jawa moderen kuwi wujude yaiku: novel, cerita cekak lan guritan.

         Wiwit tumangkare nganthi sasiki, sastra Jawa modern ngalami owah-owahan cundhuk karo owah gingsire kahanan. Prof. Dr. Suripan Sadi Hutomo milah-milah kasusastraan jawa modern dadi telung (3) periode.
1. 1920-1945 diarani Periode Balai Pustaka.
         Ing periode iki sing muncul utawa terbit akeh-akehe    awujud serat utawa novel. Tuladhane Serat  Riyanto    angitane R.B. Sulardi kang diterbitake taun 1920.

2. 1945-1966 diarani Periode Perkembangan bebas.
         Ing periode iki saliyane novel, cerita cekak lan    guritan uga dikembangake. Tuladhane Kidung Wengi Ing    Gunung Gamping angitane St. Lesmaniasita taun 1958 kang    mujudake antologi guritan lan cekak.

3. 1966-nganthi saiki diarani Periode sastra majalah utawa panglipur wuyung.
         Ing periode iki majalah utawa kalawarti nduweni andhil kang gedhe tumprap tumangkare lan lestarine sastra Jawa modern. Salah sijine  tuladha karya sastra sing muncul ing periode iki yaiku Kringet Saka Tangan Prakosa (kumpulan cerita cekak) karangane St. Lesmaniasita taun 1974.

B. APRESIASI GEGURITAN
         Kanggo mangerteni isi kang kinandhut sajroning geguritan, kita kudu tlaten olehe maca, awit tetembungan  ing geguritan iku sok migunakake tembung kang duwe teges ora salugune. Mula saka iku, supaya ora salah anggone negesi lan gampang anggone mangerteni isine geguritan, becike nggatekake bab-bab kang bakal kajlentrehake ing ngisor iki.
   1. Olehe maca dibolan-baleni.
   2. Pamacane urut sapada-pada.
   3. Kudu ngati-ati olehe negesi tembung-tembung kang duwe teges ora salugune.
   4. Nemtoake gagasan kang kinandhut ing saben padane.
   5. Nyawijekake gagasan ing saben pada kanggo nemtoake gagasan geguritan supaya dadi wutuh.

Tuladha geguritan :
      
        BUMIKU
                    LIESTY AS
                                      (Handayani 1995)

    Nyawang bumiku katon
    Srengenge wegah sapa aruh
    Cahya panggah tansaya angkuh
    Tangan-tangane pengkuh
    Njrebabah ndhepani ron-ron kang
    wus aking malik klaras

    ndeleng bumiku katon
    lemah-lemah nela
    nampa kawengisanmu
    natkala sikil iki ngambah pindha
    lumaku sandhuwure mawa

    o. srengenge
    kateging jantungku nunggu pasarujukanmu
    sebab aku kepengin ngadani dhialog
    sapejagong sokur saresmi
    engga bumiku sing katon grahana
    malik kencana

  
        Guritan kang irah-irahane “Bumiku” ing ndhuwur nggambarake imajinasi pengarang sing  bisa ngrasakake  susahe bumi. Srengenge wegah sapa aruh marang bumi, kaya-kaya srengenge ngedumake cahyane tanpa nggatekake yen bumi iki kepanasen. Kaya-kaya nduduhake cahyane sing panas gumemplang marang bumi tanpa perduli yen kahanan iki ndadekake wit-witan sing wis padha aking amarga cahya srengenge njrebabah malik dadi klaras. Iki bisa dideleng saka pada sapisan.
        Yen nyawang bumi iki kaya-kaya sikil ngambah lemah kaya mlaku ing sandhuwure mawa. Iki bisa dideleng saka gatra kapindho. Negesi yen srengenge wis ora bisa dijak dhialog, omong-omongan amrihe bumi iki ora katon grahana nanging bisa malik kaya kencana.
        Geguritan iki ateges pengin nduduhake marang kabeh yen bumi iki wis panas lan tuwa. Wit-witan sing sansaya suda. Global warming sing sansaya ndadra. Ngemutake marang kabeh kanggo bisa njaga bumi iki.

Comments

Popular posts from this blog

TEMBUNG ENTAR, GARBA, SAROJA. tegese lan tuladhane tembung entar, garba lan saroja

Tembung Entar Tembung entar ing bahasa Indonesia diarani kata bermakna kiasan (konotasi). Tembung entar (tembung silihan) iku tembung sing wis oncat saka tegese sing baku utawa tembung sing ora kena ditegesi mung sawantahe. Tuladha :

DRAMA. tegese, jenis-jenise lan unsur-unsur drama

DRAMA Drama mujudake seni pertunjukan sing nampilake lakon (paraga) ing pentas (panggung). Jenis-jenise drama :

Tegese ukara agnya, tuladha, lan jenise...

    UKARA AGNYA UKARA AGNYA yaiku ukara kang ngemu surasa pakon (perintah). Ukara agnya adate migunakake panamabang a , na, ana.lan en Tuladha :