DONGENG. pengertian, jenis lan unsur intrinsik sing ana ing jroning wacan bocah Skip to main content

DONGENG. pengertian, jenis lan unsur intrinsik sing ana ing jroning wacan bocah


WACAN BOCAH

     Dongeng kalebu karangan gancaran, kang bisa dibedakake dadi pirang-pirang jinis, yaiku:
a. Fabel
       Yaiku crita kang para paragane kewan.
   tuladha : Asu Ajak lan Manuk Gagak


b. Mite
       yaiku crita kang isine bab kapercayan.
   tuladha : Nyi Roro Kidul

c. Legenda
       yaiku crita bab asal-usul kadadeane papan panggonan
   tuladha : Asal usul kutha Banyuwangi

d. Sage yaiku crita bab sejarah.
   tuladha : Ken Arok


A. Nyritakne isine crita wacan bocah nganggo basane dhewe.

Tuladha anggone miwiti crita:
a. Miwiti crita sarana ngajokake pitakonan:
   - Ing ngendi dumadine crita?
   - Apa sebabe diceluk Lusmore?

b. Miwiti crita sarana menehi andharan:
    Ing ngare Aherlow sangisore gunung Galtee, Irlandia. Ana pawongan sing duwe punuk kang gedhe ing gegere. Saking gedhene nalika lungguh janggute bisa tekan  dhengkul. Amarga kuwi dheweke diceluk Lusmore utawa si punuk.

Tuladha nyritakake bakune crita:
     Wong-wong ing pedesan akeh sing padha ora seneng marang Lusmore sanajan Lusmore ora tau tumindak ala. Wong sing jahat ngarang crita yen Lusmore bisa gawe jamu lan mantra-mantra jahat, satemene Lusmore mung bisa nggawe topi lan tas saka damen lan suket sing didol ing pasar.

Tuladha mungkasi crita:
     Nalika leren ing sawijining kali amarga kekeselen anggone dodolan topi lan tas, Lusmore krungu swara tetembangan anah kang dawa banget. Pranyata sing nembang mau bangsa alus sing dumunung ana kalen. Sawijining bangsa alus nembang marang Lusmore yen punuk ing gegere kuwi bakal musna tanpa lari. Banjur sateruse punuk ing gegere Lusmore ilang lan dheweke dadi wong sukses.

Unsur intrinsik sing ana ing jroning wacan bocah:
a. Tema           : temane apa, apa isih laras karo kaanan saiki.
b. Penokohan  : paraga sing ana ing jroning crita.
c. Latar           : kapan dumadine crita, papan dumadine crita.
d. Konflik       : masalah kang diadhepi paraga utama (wiwitane, puncake lan pungkasane crita).
e. Amanat       : piwulang apa sing bisa dijupuk saka crita sing diwaca.

Comments

Popular posts from this blog

TEMBUNG ENTAR, GARBA, SAROJA. tegese lan tuladhane tembung entar, garba lan saroja

Tembung Entar Tembung entar ing bahasa Indonesia diarani kata bermakna kiasan (konotasi). Tembung entar (tembung silihan) iku tembung sing wis oncat saka tegese sing baku utawa tembung sing ora kena ditegesi mung sawantahe. Tuladha :

DRAMA. tegese, jenis-jenise lan unsur-unsur drama

DRAMA Drama mujudake seni pertunjukan sing nampilake lakon (paraga) ing pentas (panggung). Jenis-jenise drama :

Tegese ukara agnya, tuladha, lan jenise...

    UKARA AGNYA UKARA AGNYA yaiku ukara kang ngemu surasa pakon (perintah). Ukara agnya adate migunakake panamabang a , na, ana.lan en Tuladha :