DHISKUSI. tegese, prinsip-prinsip, aturan lungguh lan tugas personalia dhiskusi Skip to main content

DHISKUSI. tegese, prinsip-prinsip, aturan lungguh lan tugas personalia dhiskusi



DHISKUSI
      Dhiskusi yaiku kegiyatan tukar kawruh (tukar pikiran) kanggo nyawijekake pikir kanggo nggoleki mufakat ngenani pemecahane masalah.

Wujude dhiskusi :

1. Dhiskusi Kelompok
Wujud dhiskusi iki digunkake kanggo mecahake masalah kanthi kelompok.
Perangkat dhiskusi kelompok :
1.  Moderator
2.  Notulis
3.  Peserta
4.  Pemrasaran

Dhiskusi kelompok sipate ora resmi, dadi penyaji ora perlu nggunakake makalah/ kertas kerja. Penyaji mung ngajokake pendhapat utawa nyanggah (nolak) sing dipandu dening moderator.
Suwene dhiskusi, notulis nyathet intine pendapat, pitakon lan jawaban. Oderator ngrangkum pokok-pokok kesepakatan. Ing pungkasane dhiskusi moderator nyampekake dudutan (simpulan) asile dhiskusi.

2. Dhiskusi Panel
Dhiskusi panel yaiku dhiskusi sing digunakake kanggo nambah wawasan ngenani masalah sing lagi penting kudu enggal dipecahake. Dhiskusi iki nglibatake para ahli (ilmuwan) kanggo nara sumber (menehi pawarta).
Organisasi dhiskusi panel yaiku :
1.      Moderator
2.      Panelis (penyaji)
3.      Pendengar/ wong sing ngrungokake peserta
4.      Notulis.

Moderator bisa langsung takon marang panelis (nara sumber) kanggo nambah wawaan. Sing takon diwenehi kesempatan kanggo takon lan nanggapi/ nyanggah pendapat nara sumber.
Sawetara dhiskusi dianakake notulis nyathet pokok pikiran (gagasan baku) sing diucapake dening nara sumber, sanggahan lan jawabane. Ing akhir dhiskusi moderator nyajekake (maparake) pokok-pokok pikiran asile dhiskusi.

Aturane lungguh ing dhiskusi :
1.  Dhiskusi Kelompok                                                    2. Dhiskusi Panel





X
PS                                            PS
PS                    PS                    PS

 

Pb                    X                     Pb
Pb                                            Pb
Pn        Pn                    Pn        Pn
Pn        Pn                    Pn        Pn

 

 







Katrangan:
X  : pemimpin/ moderator/ pemandu
Ps : peserta
Pb : pemrasaran/ panelis
Pn : peserta (wong sing ngrungokake dhiskusi)

Prinsip-prinsip dhiskusi yaiku:
1.      Wektu dhiskusi peserta kudu padha ngurmati pendapate peserta liyane.
2.      Wektu dhiskusi kudu pada nglempar ide/ gagasan dhewe-dhewe.
3.      Dhiskusi didhasari musyawarah lan aja nganti ana padudon antarane peserta dhiskusi.

Tugas personalia dhiskusi :
a.     Moderator
Tugas moderator :
a.       Nyampekake tema
b.      Nyampekake tujuan
c.       Nyebutake aturan main dhiskusi
d.      Ngatur lalu lintas tukar pikiran
e.       Ngakhiri dhiskusi lan menehi simpulan

Syarat-syarat moderator :
a.       Bisa nguasai masalah
b.      Pinter lan wicaksana
c.       Bisa ngregani pendapate wong liya
d.      Jujur lan adil menehi kesempatan ngomong.

b.     Penyaji
Tugas penyaji :
a.       Mahami masalah
b.      Nyusun bahn dhiskusi
c.       Nyajekake bahan dhiskusi
d.      Njawab pitakon peserta
e.       Menehi jawaban kanthi bener lan masuk akal adhedhasar kasunyatan.

c.      Peserta
Tugas peserta :
a.       Ngrungokake sakabehe omongan ing forum dhiskusi kanthi temenan
b.      Mahami masalah lan gagasan kang diwedarake ing forum
c.       Nanggapi pendapat-pendapat sing pancen kudu ditanggapi

Comments

Popular posts from this blog

DRAMA. tegese, jenis-jenise lan unsur-unsur drama

DRAMA Drama mujudake seni pertunjukan sing nampilake lakon (paraga) ing pentas (panggung). Jenis-jenise drama :

TEMBUNG ENTAR, GARBA, SAROJA. tegese lan tuladhane tembung entar, garba lan saroja

Tembung Entar Tembung entar ing bahasa Indonesia diarani kata bermakna kiasan (konotasi). Tembung entar (tembung silihan) iku tembung sing wis oncat saka tegese sing baku utawa tembung sing ora kena ditegesi mung sawantahe. Tuladha :

Tegese ukara agnya, tuladha, lan jenise...

    UKARA AGNYA UKARA AGNYA yaiku ukara kang ngemu surasa pakon (perintah). Ukara agnya adate migunakake panamabang a , na, ana.lan en Tuladha :