Cerkak (Cerita Cekak). tegese, ciri-ciri lan unsur intrinsik cerkak Skip to main content

Cerkak (Cerita Cekak). tegese, ciri-ciri lan unsur intrinsik cerkak



  


Cerkak yaiku gancaran sing ngandharake sarining kedadean utawa lelakon saka wiwitan nganti pungkasan kanthi cekak wae.


Ciri-cirine cerkak:
a.      Critane sakeplasan (dirungokake sapisan langsung tamat)
b.      Isine padhet (ringkes)
c.       Alur mung siji
d.      Basane mentes
e.      Isine crita ngemot pitutur, kritik, piweling lan pasemon

Unsur intrinsik cerkak:
1.      Underan (tema crita)
Underan yaiku pokok masalahe crita utawa lelandhesane/ dasar crita.

2.      Amanat (ancas)
Amanat yaiku pepeling kang kinandhut ing crita iku utawa pesen pangripta marang pamaca. Pepeling/ pesen iku arupa ajaran moral utawa pandhidhikan.

3.      Paraga lan watak paraga (lakon)
Paraga utawa kang diceritakake. Paraga iku ana kang sipate becik lan ana uga kang sipate ala. Dene watake paraga (lakon) iku bisa kanggo mbedakake lakon siji lan sijine. Dene cara kanggo nggambarake watake lakon bisa kanthi lumantar ing ngisor iki, yaiku:
  1. Katrangan langsung sing diandharake pangripta jroning crita
  2. Lumantar caturan/ pirembugan (dialog) ing antarane para paraga
  3. Kalakuan, tumindhak, lan kedadean-kedadean sing dialami paraga

4.      Padunungan, wektu, lan swasana crita (latar, setting)
Latar yaiku unsur kang ana gegayutane karo panggonan, wektu, lingkungan sosial, lan swasana kang ndhasari kedadean ing crita iku.

5.      Alur crita (plot)
Rantamane crita sing sinambungan mbentuk crita. Alur kebentuk kanthi urutan kadadeyan saengga mbentuk alur maju, alur sorot balik (flash back) lan campuran antarane alur maju lan alur sorot balik.
  1. Alur maju yaiku urutane crita saka kedadean kang wis kapungkur maju ing kedadean saiki
  2. Alur sorot balik yaiku urutane crita saka kedadean saiki mundur ing kedadean kang wis kapungkur

Rangkaiane kedadean sing mbentuk alur dibagi tahap-tahap alur sing diwiwiti saka:
  1. Paparane crita (pemaparan)
  2. Critane wiwit ana masalah (perumitan)
  3. Ana masalah antara paraga (konflik)
  4. Masalah luwih gawat (klimaks)
  5. Pungkasane crita lan carane nyelesaiake masalah ing paripurnane crita
-          Happy ending : ing paripurnane crita nyenengake
-          Sad ending : paripurnane crita ora nyenengake / nyedihake.

6.      Pamawas (sudut pandang)
Sudut pandang yaiku carane pangripta netepake dirine ing crita. Yen pangripta melu ing sajroning kedadeyan sing dicritakake, tegese pangripta kalebu pamawas (sudut pandang) wong kapisan : pangripta cerkak bisa uga dadi paraga utama bisa uga paraga tambahan (sampingan). Menawa pangripta amung nyritakake wong liya lan dheweke ora dilibatake ing sajroning crita, tegese dheweke nggunakake pamawas (sudut pandang) wong katelu.

7.      Busananing basa (gaya bahasa)
Busananing basa yaiku basa sing digunakake pangripta sajroning nyusun crita.

Comments

Popular posts from this blog

DRAMA. tegese, jenis-jenise lan unsur-unsur drama

DRAMA Drama mujudake seni pertunjukan sing nampilake lakon (paraga) ing pentas (panggung). Jenis-jenise drama :

TEMBUNG ENTAR, GARBA, SAROJA. tegese lan tuladhane tembung entar, garba lan saroja

Tembung Entar Tembung entar ing bahasa Indonesia diarani kata bermakna kiasan (konotasi). Tembung entar (tembung silihan) iku tembung sing wis oncat saka tegese sing baku utawa tembung sing ora kena ditegesi mung sawantahe. Tuladha :

Tegese ukara agnya, tuladha, lan jenise...

    UKARA AGNYA UKARA AGNYA yaiku ukara kang ngemu surasa pakon (perintah). Ukara agnya adate migunakake panamabang a , na, ana.lan en Tuladha :